Jumat, 11 Mei 2012

Tuladha Pranatacara Bahasa Jawa Pertemuan Kampung_1

Bismillahhirrahmanirrahim:

Assalamu’alaikum
warahmatullah
wabarakatuh

Nuwun sewu, munggel
ing pangandikan soho
mboten ngirangi
kamardikan
panjenengan sedaya
anggenipun sami
wawan sabdo (wawan
pangandikan).

~> Panjenenganipun :
Pepunden sepuh,
sesepuh, pinisepuh
ingkang tansah pantes
nampi pangabekti.
Dateng ugi
panjenenganipun para
bapak bapak, para
lenggah ingkang tansah
kulo kurmati,
Dalasan wonten para
muda sutrisno.

~> Nuwun sewu, kagem
anggemeni wekdal,
amrih rancaking
pepanggihan wanci
puniko, monggo enggal
kawiwitan.

~> Langkung rumiyin
monggo tansah
ngaturaken syukur
wonten Ngarso Dalem
Gusti Allah SWT,
ingkang tansah lan tasih
paring mapinten pinten
karahmatan,
kanikmatan langkung
langkung nikmat
kesarasan /
kawilujengan dumateng
kito lan panjenengan
sami, sahinggo kito
saged makempal
wonten pepangihan……….,
wonten dalu puniko.

~> Sholawat soho salam
mugi tansah katetepno
dumateng Junjungan
kito Nabi Agung
Muhammad SAW,
tumedak dateng garwo,
putro, soho sahabat
sahabatipun, lan
lumeber dumateng
penderekipun lan Insya
Allah kalebet kito sami,
Aamiin.

~> Para lenggah sedaya
ingkang tansah kula
kurmati,
Mango amrih rancaking
pepanggihan wonten ing
titi wanci puniko,
kepareng kulo
ngaturaken racikaning
acara pepanggihan :

*Acara sepisan nun
inggih (1). Pambuko

*Kalajengaken acara
ingkang angka kalih (2).
Ya’sin & Tahlil

*Ndungkap acara
ingkang angka tiga (3).
Atur pambagya
harjo

*Acara ingkang angka
sekawan (4). Pelaporan
bendahara

*Wondene acara
ingkang angka gangsal
(5). Atur Pangandikan
Saking Bapak…..,
Kalajengaken
musyawarah

*Warno Sari badhe
kaleksanan minangka
titi laksana acara
ingkang angka enem (6)

*Minangka
pungkasaning acara nun
inggih panutup.

~> Makaten urut
urutaning acoro
pepangihan ing dalu
puniko.
Pramilo monggo kito
awiti acara ingkang
sepisan (1) kanti
waosan Basmalah kulo
derekaken,
Mugi mugi kanti waosan
basmalah wau,
pepanggihan ing dalu
puniko saged lancar
rahayu dumugi paripurna
sakmangke / (kalis ing
rubedo nir ing
sambekala), lan saged
newahaken manfaat
kagem kemajengan
Dusun kito. Aamiin.

~> Monggo kito
lajengaken acara angka
kaleh (2), waosan Ya’sin
soho Tahlil.
Wekdah sak cekapipun
kulo aturaken dumateng
panjenenganipun Bpk /
Simbah Kaum…

#Kula aturaken agunging
panuwun dumatheng
panjenengan Bp /
Simbah Kaum... ingkang
sampun kapareng
ngimami waosan Ya’sin
soho Tahlil wontenipun
acara piuwunan puniko.

#Mugi mugi amal
kesaenanipun tinampi
wonten ngarsanipun
Gusti Allah SWT, lan
pikantuk lelintu ganjaran
ingkang sak
murwatipun (Ingkang
Agung). Aamiin.

~> Pepunden sepuh, ugi
para lenggah sami,
ingkang tansah
kinormatan,
Lumampah acara angka
tiga (3), Atur
pambagyoharjo saking
ingkang kagungan
Dalem, wekdal sak
cekapipun, kula
aturaken, sumonggo……

~>Bapak bapak para
lenggah ingkang satuhu
kinormatan, makaten
ingkang dados atur
pangandikan ingkang
kagungan Dalem, awit
kawigatosanipun kula
aturaken matur nuwun,

~> Acara Sumene /
sigeg
#Nuwun sewu dateng
ngersanipun pepunden,
sepuh soho poro
lenggah ingkang tansah
kulo kurmati…
Awit keparengipun
Bp……, kanthi kadang
kadang sinoman ingkang
sampun anglarapaken
peparingipun Gusti Allah
SWT kanthi lantaran
Bp……, wonten
pepanggihan puniko
ngaturaken unjukan
soho lampiranipun,
ingkang sampun
sumadya wonten
ngarso panjenengan
sami, monggo kito ujuk
lan dahar sesarengan,
mugi wonten
berkahipun soho
nambahi kekiyatan
dateng kula
panjenengan sami,
monggo kito ndongo
sesarengan kulo
derekaken, Bismilah…….,
Allahuma Bariklan….
Sugeng ngunjuk lan
dahar kanthi prayogi…..

~> Nuwun sewu,
wonten ngarsanipun
bapak bapak miwah
para lenggah sedaya,
menggak kamardikan
soho mboten ngirangi
anggenipun sami
ngunjuk sarto dahar,
monggo acara kita
lajengaken.

~> Lumampah acara
angka sekawan (4), nun
inggih pelaporan saking
kadang bendahara,
wekdal sumonggo katur
sakcekapipun….
Makaten pelaporan
pelaporan saking
bendahara, mugi
andadosaken
kawigatosan dumateng
kito sami. Wonten
ngarsanipun bapak /
kadang bendahara kulo
aturken maturnuwun.

~> Acoro selajengipun
nun inggih acara angka
gangsal (5), Atur
pangandikan saho
musyawarah saking
panjenenganipun Bp….
Wekdal sakcekapipun
kasumanggakaken,
sumanggo…..

~> Para lenggah ingkang
tansah kulo kurmati,
makaten wau atur
pangandikan saho
musyawarah ingkang
dipun pimpin saking
Bp……., mugi
andadosaken
kawigatosan kito sami,
lan manfaat dateng
Dusun kito, Aamiin.

~> Tumapak acara
angka enem (6), nun
inggih acoro warno sari,
Monggo ing mbok bilih
wonten atur
pangandikan saking poro lenggah sedoyo,
sumonggo katur…..

#Monggo ing mbok bilih
taseh wonten
tambahan atur
pangandikan saking poro lenggah sedoyo,
sumanggo……

#Mbok bilih mboten
wonten tambahan atur
pangandikan saking poro lenggah sedayo, acara kita lajengaken,
Lumampah acara angko
pitu (7) nun inggih
panutup.

#Ananging sakderengipun
kito tutup, Dumateng
pepunden sepuh,
sesepuh, pinisepuh saho
para lenggah sedaya
ingkang tansah
kinormatan, mekaten
anggen kulo nderekaken
acara pepanggihan dalu
puniko, Ing mbok bilih
mangih kalepatan soho
kekirangan inggih awit
saking kiranginpun
seserepan, kulo nyuwun
pangapunten, Nuwun.

#Monggo acara kito
pungkasi kanti waosan
Alhamdulillah…..

~> Panutuping atur….
Wassalamu’alaikum wa
rahmatullah
wabarakatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar