Bismillahhirrahmanirrahim:
Assalamu’alaikum
warahmatullah
wabarakatuh
Wonten ngarsanipun
pinisepuh ingkang
satuhu kinabekten,
bapak dukuh, bpk ketua
RT, miwah sedaya
pengurus ingkang kula
kurmati, sumarambah
para lenggah ingkang
bagya mulya.
Sumangga langkung
rumiyin kita ngaturaken
puji syukur wonten
ngarso Dalem Allah
SWT, awit sedaya
nikmat peparingipun,
Shalawat saha salam
mugi tansah
katetepaken dumateng
Junjungan kita Nabi
Agung Muhammad
SAW, tumedak garwa
putra, sahabat miwah
penderekipun lan Insya
Allah kalebet kita sami.
Aamiin ya rabbal'alamiin.
Nuwun sewu, ngemuti
wekdal ingkang saya
dalu, pramila mangga
acara enggal kita awiti.
Namung mbok bilih
sakmangke kathah
kalepatan anggen kula
nderekaken lampahing
acara, kula nyuwun
pangapunten.
Racikaning adicara
ingkang bade kita
lampahi inggih punika:
*Adicara sepisan nun
inggih (1). Pambuko
*Kalajengaken adicara
ingkang angka kalih (2).
Ya’sin & Tahlil
*Ndungkap adicara
ingkang angka tiga (3).
Atur pambagya harjo
*Adicara ingkang angka
sekawan (4). Pelaporan
bendahara
*Wondene adicara
ingkang angka gangsal
(5). Atur Pangandikan
Saking Bapak…..,
Kalajengaken
musyawarah
*Warno Sari badhe
kaleksanan minangka adicara ingkang angka
enem (6)
*Minangka pungkasaning adicara
nun inggih panutup.
*Para lenggah sedaya,
tumapak adicara
sepisan inggih punika
pambuka, sumangga
pepanggihan punika kita
awiti kanthi maos
waosan basmalah
sesarengan.
Bismillahirrahmaanirrahiimii, matur nuwun, mugi
mugi pepangihan dalu
punika lancar, wilujeng
ing samudayanipun lan
saged newahaken
manfaat kagem
Kemajengan dusun kita.
Aamiin
*Adicara ingkang angka
kalih, waosan Ya'sin
saha tahlil, kanti punika
wekdal kula aturaken
wonten ngarsanipun
simbah kaum,
sumangga..
#>Kita aturaken
agunging matur nuwun
dhumateng simbah
kaum..., ingkang sampun
mangarsani / angimami
adicara Ya'sin saha
Tahlil. Mugi mugi Allah
SWT kepareng paring lelintu ganjaran / kesaenan ingkang agung
dhumateng panjenengan simbah kaum, lumeberna
dumateng kita sami.
Aamiin..
*Bapak bapak para
lenggah sedaya, ingkang
kinormatan, adicara
ingkang angka tiga
inggih punika atur
pambagyaharja ingkang
kagungan Dalem.
Wekdal sakcekapipun
kula aturaken,
sumangga..
#bapak bapak para
lenggah ingkang satuhu
kinormatan, makaten
ingkang dados atur
pangandikan ingkang
kagungan Dalem, awit
kawigatosanipun kula
aturaken matur nuwun,
*Tumapak adicara angka sekawan inggih punika pelaporan pelaporan,
#>pelaporan ingkang
sepisan saking sederek/
bpk bendahara, wonten
ngarsanipun bpk. . .,
wekdal sumangga katur...
#>para bapak miwah
para lenggah, makaten
atur pelaporanipun bpk
bendahara, mugi
andadosno pangertosan
kita sami. Wonten
ngarsanipun bpk. . , kula
atur aken matur nuwun.
#>laporan ingkang
angka kalih saking
bpk. . ., pinangka
seksi. . ., wekdal
sumangga katur...,
*Nuwun sewu wonten
ngarsanipun bpk" miwah
para lenggah sami,
adicara kita sigek
sakwetawis. Awit suka
renaning penggalih bpk...
(tuan rumah), kita
kaladosan unjukan lan
wonten lampiranipun.
Sumangga kita unjuk lan
dhahar sesarengan. Mugi wonten barokahipun
kita ndedongo
sesarengan. Bismillah...,
Allahuma barriklana...,
#>nuwun sewu wonten
ngarsanipun bpk" miwah
para lenggah, sinambi
nglajengaken ngunjuk
lan dhahar pasugatan,
kepareng lampahing
adicara kula lajengaken.
*Adicara ingkang angka
gangsal inggih punika
musyawarah,
musyawarah ing dalu
pepanggihan puniha
bade dipun pimpin
panjenenganipun bpk
RW, wekdal
sakcekapipun sumangga
katur...
#>bapak" saha para
lenggah, makaten
lampahing musyawarah
sampun purna kanti
keputusan" ingkang
sampun kita sarujuki
sesarengan, ing
panggaja sagedo kita
tindakaken sak sae
saenipun, sahenggo
nambah kemajengan
dusun kita, Aamiin.
*Adicara ingkang angka
enem nun inggih warna
sari, mbok bilih wonten
ingkang badhe atur
pangandikan, wekdal
kula aturaken,
sumangga..,
#makaten pangandikan
bpk, kagem nanggapi
pangandikan" kasebat
ing ngajeng, kula
sumanggakaken bpk
ketua RW/T,
sumangga...
*Bpk" miwah para
lenggah ingkang satuhu
kinormatan, mbok bilih
adicara warna sari
sampun kaanggep
cekap lan saget
kasambet malih wonten
pepanggihan candakipun.
*Bpk" sagung lenggah
ingkang tansah kula
kurmati, adicara
pepanggihan ing dalu
punika sampun
paripurna, pramila
sakderengipun kita
pungkasi, kula ingkang
kajibah nderekaken
lampahing adicara ing
dalu punika kathah
kalepatan, kanthi andap
asoring manah, kula
nyuwun pangapunten.
Sumangga kita pungkasi
pepanggihan ing dalu
punika lan muji syukur
wonten Ngarsa Dalem
Allah SWT kanthi
waosan Hamdallah, kula
derekaken,
Alhamdulillahirrabil'alamiin.
~> Panutuping atur….
Wassalamu’alaikum wa
rahmatullah
wabarakatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar